animasi-bergerak-selamat-datang-0276

Rabu, 14 Agustus 2019

Isi Ramalan Jayabaya


Isi Ramalan Jayabaya

1.        Besuk yen wis ana kreta tanpa jaran --- Kelak jika sudah ada kereta tanpa kuda.
2.        Tanah Jawa kalungan wesi --- Pulau Jawa berkalung besi.
3.        Prahu mlaku ing dhuwur awang-awang --- Perahu berjalan di angkasa.
4.        Kali ilang kedhunge --- Sungai kehilangan mata air.
5.        Pasar ilang kumandhang --- Pasar kehilangan suara.
6.        Iku tandha yen tekane zaman Jayabaya wis cedhak --- Itulah pertanda zaman Jayabaya telah mendekat.
7.        Bumi saya suwe saya mengkeret --- Bumi semakin lama semakin mengerut.
8.        Sekilan bumi dipajeki --- Sejengkal tanah dikenai pajak.
9.        Jaran doyan mangan sambel --- Kuda suka makan sambal.
10.    Wong wadon nganggo pakeyan lanang --- Orang perempuan berpakaian lelaki.
11.    Iku tandhane yen wong bakal nemoni wolak-waliking zaman--- Itu pertanda orang akan mengalami zaman berbolak-balik
12.    Akeh janji ora ditetepi --- Banyak janji tidak ditepati.
13.    keh wong wani nglanggar sumpahe dhewe--- Banyak orang berani melanggar sumpah sendiri.
14.    Manungsa padha seneng nyalah--- Orang-orang saling lempar kesalahan.
15.    Ora ngendahake hukum Hyang Widhi--- Tak peduli akan hukum Hyang Widhi.
16.    Barang jahat diangkat-angkat--- Yang jahat dijunjung-junjung.
17.    Barang suci dibenci--- Yang suci (justru) dibenci.
18.    Akeh manungsa mung ngutamakke dhuwit--- Banyak orang hanya mementingkan uang.
19.    Lali kamanungsan--- Lupa jati kemanusiaan.
20.    Lali kabecikan--- Lupa hikmah kebaikan.
21.    Lali sanak lali kadang--- Lupa sanak lupa saudara.
22.    Akeh bapa lali anak--- Banyak ayah lupa anak.
23.    Akeh anak wani nglawan ibu--- Banyak anak berani melawan ibu.
24.    Nantang bapa--- Menantang ayah.
25.    Sedulur padha cidra--- Saudara dan saudara saling khianat.
26.    Kulawarga padha curiga--- Keluarga saling curiga.
27.    Kanca dadi mungsuh --- Kawan menjadi lawan.
28.    Akeh manungsa lali asale --- Banyak orang lupa asal-usul.
29.    Ukuman Ratu ora adil --- Hukuman Raja tidak adil
30.    Akeh pangkat sing jahat lan ganjil--- Banyak pejabat jahat dan ganjil
31.    Akeh kelakuan sing ganjil --- Banyak ulah-tabiat ganjil
32.    Wong apik-apik padha kapencil --- Orang yang baik justru tersisih.
33.    Akeh wong nyambut gawe apik-apik padha krasa isin --- Banyak orang kerja halal justru merasa malu.
34.    Luwih utama ngapusi --- Lebih mengutamakan menipu.
35.    Wegah nyambut gawe --- Malas untuk bekerja.
36.    Kepingin urip mewah --- Inginnya hidup mewah.
37.    Ngumbar nafsu angkara murka, nggedhekake duraka --- Melepas nafsu angkara murka, memupuk durhaka.
38.    Wong bener thenger-thenger --- Orang (yang) benar termangu-mangu.
39.    Wong salah bungah --- Orang (yang) salah gembira ria.
40.    Wong apik ditampik-tampik--- Orang (yang) baik ditolak ditampik (diping-pong).
41.    Wong jahat munggah pangkat--- Orang (yang) jahat naik pangkat.
42.    Wong agung kasinggung--- Orang (yang) mulia dilecehkan
43.    Wong ala kapuja--- Orang (yang) jahat dipuji-puji.
44.    Wong wadon ilang kawirangane--- perempuan hilang malu.
45.    Wong lanang ilang kaprawirane--- Laki-laki hilang jiwa kepemimpinan.
46.    Akeh wong lanang ora duwe bojo--- Banyak laki-laki tak mau beristri.
47.    Akeh wong wadon ora setya marang bojone--- Banyak perempuan ingkar pada suami.
48.    Akeh ibu padha ngedol anake--- Banyak ibu menjual anak.
49.    Akeh wong wadon ngedol awake--- Banyak perempuan menjual diri.
50.    Akeh wong ijol bebojo--- Banyak orang gonta-ganti pasangan.
51.    Wong wadon nunggang jaran--- Perempuan menunggang kuda.
52.    Wong lanang linggih plangki--- Laki-laki naik tandu.
53.    Randha seuang loro--- Dua janda harga seuang (Red.: seuang = 8,5 sen).
54.    Prawan seaga lima--- Lima perawan lima picis.
55.    Dhudha pincang laku sembilan uang--- Duda pincang laku sembilan uang.
56.    Akeh wong ngedol ngelmu--- Banyak orang berdagang ilmu.
57.    Akeh wong ngaku-aku--- Banyak orang mengaku diri.
58.    Njabane putih njerone dhadhu--- Di luar putih di dalam jingga.
59.    Ngakune suci, nanging sucine palsu--- Mengaku suci, tapi palsu belaka.
60.    Akeh bujuk akeh lojo--- Banyak tipu banyak muslihat.
61.    Akeh udan salah mangsa--- Banyak hujan salah musim.
62.    Akeh prawan tuwa--- Banyak perawan tua.
63.    Akeh randha nglairake anak--- Banyak janda melahirkan bayi.
64.    Akeh jabang bayi lahir nggoleki bapakne--- Banyak anak lahir mencari bapaknya.
65.    Agama akeh sing nantang--- Agama banyak ditentang.
66.    Prikamanungsan saya ilang--- Perikemanusiaan semakin hilang.
67.    Omah suci dibenci--- Rumah suci dijauhi.
68.    Omah ala saya dipuja--- Rumah maksiat makin dipuja.
69.    Wong wadon lacur ing ngendi-endi--- Perempuan lacur dimana-mana.
70.    Akeh laknat--- Banyak kutukan
71.    Akeh pengkianat--- Banyak pengkhianat.
72.    Anak mangan bapak---Anak makan bapak.
73.    Sedulur mangan sedulur---Saudara makan saudara.
74.    Kanca dadi mungsuh---Kawan menjadi lawan.
75.    Guru disatru---Guru dimusuhi.
76.    Tangga padha curiga---Tetangga saling curiga.
77.    Kana-kene saya angkara murka --- Angkara murka semakin menjadi-jadi.
78.    Sing weruh kebubuhan---Barangsiapa tahu terkena beban.
79.    Sing ora weruh ketutuh---Sedang yang tak tahu disalahkan.
80.    Besuk yen ana peperangan---Kelak jika terjadi perang.
81.    Teka saka wetan, kulon, kidul lan lor---Datang dari timur, barat, selatan, dan utara.
82.    Akeh wong becik saya sengsara--- Banyak orang baik makin sengsara.
83.    Wong jahat saya seneng--- Sedang yang jahat makin bahagia.
84.    Wektu iku akeh dhandhang diunekake kuntul--- Ketika itu burung gagak dibilang bangau.
85.    Wong salah dianggep bener---Orang salah dipandang benar.
86.    Pengkhianat nikmat---Pengkhianat nikmat.
87.    Durjana saya sempurna--- Durjana semakin sempurna.
88.    Wong jahat munggah pangkat--- Orang jahat naik pangkat.
89.    Wong lugu kebelenggu--- Orang yang lugu dibelenggu.
90.    Wong mulya dikunjara--- Orang yang mulia dipenjara.
91.    Sing curang garang--- Yang curang berkuasa.
92.    Sing jujur kojur--- Yang jujur sengsara.
93.    Pedagang akeh sing keplarang--- Pedagang banyak yang tenggelam.
94.    Wong main akeh sing ndadi---Penjudi banyak merajalela.
95.    Akeh barang haram---Banyak barang haram.
96.    Akeh anak haram---Banyak anak haram.
97.    Wong wadon nglamar wong lanang---Perempuan melamar laki-laki.
98.    Wong lanang ngasorake drajate dhewe---Laki-laki memperhina derajat sendiri.
99.    Akeh barang-barang mlebu luang---Banyak barang terbuang-buang.
100.Akeh wong kaliren lan wuda---Banyak orang lapar dan telanjang.
101.Wong tuku ngglenik sing dodol---Pembeli membujuk penjual.
102.Sing dodol akal okol---Si penjual bermain siasat.
103.Wong golek pangan kaya gabah diinteri---Mencari rizki ibarat gabah ditampi.
104.Sing kebat kliwat---Yang tangkas lepas.
105.Sing telah sambat---Yang terlanjur menggerutu.
106.Sing gedhe kesasar---Yang besar tersasar.
107.Sing cilik kepleset---Yang kecil terpeleset.
108.Sing anggak ketunggak---Yang congkak terbentur.
109.Sing wedi mati---Yang takut mati.
110.Sing nekat mbrekat---Yang nekat mendapat berkat.
111.Sing jerih ketindhih---Yang hati kecil tertindih
112.Sing ngawur makmur---Yang ngawur makmur
113.Sing ngati-ati ngrintih---Yang berhati-hati merintih.
114.Sing ngedan keduman---Yang main gila menerima bagian.
115.Sing waras nggagas---Yang sehat pikiran berpikir.
116.Wong tani ditaleni---Orang (yang) bertani diikat.
117.Wong dora ura-ura---Orang (yang) bohong berdendang.
118.Ratu ora netepi janji, musna panguwasane---Raja ingkar janji, hilang wibawanya.
119.Bupati dadi rakyat---Pegawai tinggi menjadi rakyat.
120.Wong cilik dadi priyayi---Rakyat kecil jadi priyayi.
121.Sing mendele dadi gedhe---Yang curang jadi besar.
122.Sing jujur kojur---Yang jujur celaka.
123.Akeh omah ing ndhuwur jaran---Banyak rumah di punggung kuda.
124.Wong mangan wong---Orang makan sesamanya.
125.Anak lali bapak---Anak lupa bapa.
126.Wong tuwa lali tuwane---Orang tua lupa ketuaan mereka.
127.Pedagang adol barang saya laris---Jualan pedagang semakin laris.
128.Bandhane saya ludhes---Namun harta mereka makin habis.
129.Akeh wong mati kaliren ing sisihe pangan---Banyak orang mati lapar di samping makanan.
130.Akeh wong nyekel bandha nanging uripe sangsara---Banyak orang berharta tapi hidup sengsara.
131.Sing edan bisa dandan---Yang gila bisa bersolek.
132.Sing bengkong bisa nggalang gedhong---Si bengkok membangun mahligai.
133.Wong waras lan adil uripe nggrantes lan kepencil---Yang waras dan adil hidup merana dan tersisih.
134.Ana peperangan ing njero---Terjadi perang di dalam.
135.Timbul amarga para pangkat akeh sing padha salah paham---Terjadi karena para pembesar banyak salah faham.
136.Durjana saya ngambra-ambra---Kejahatan makin merajalela.
137.Penjahat saya tambah---Penjahat makin banyak.
138.Wong apik saya sengsara---Yang baik makin sengsara.
139.Akeh wong mati jalaran saka peperangan---Banyak orang mati karena perang.
140.Kebingungan lan kobongan---Karena bingung dan kebakaran.
141.Wong bener saya thenger-thenger---Si benar makin tertegun.
142.Wong salah saya bungah-bungah---Si salah makin sorak sorai.
143.Akeh bandha musna ora karuan lungane---Banyak harta hilang entah ke mana
144.Akeh pangkat lan drajat pada minggat ora karuan sababe---Banyak pangkat dan derajat lenyap entah mengapa.
145.Akeh barang-barang haram, akeh bocah haram---Banyak barang haram, banyak anak haram.
146.Bejane sing lali, bejane sing eling---Beruntunglah si lupa, beruntunglah si sadar.
147.Nanging sauntung-untunge sing lali---Tapi betapapun beruntung si lupa.
148.Isih untung sing waspada---Masih lebih beruntung si waspada.
149.Angkara murka saya ndadi---Angkara murka semakin menjadi.
150.Kana-kene saya bingung---Di sana-sini makin bingung.
151.Pedagang akeh alangane---Pedagang banyak rintangan.
152.Akeh buruh nantang juragan---Banyak buruh melawan majikan.
153.Juragan dadi umpan---Majikan menjadi umpan.
154.Sing suwarane seru oleh pengaruh---Yang bersuara tinggi mendapat pengaruh.
155.Wong pinter diingar-ingar---Si pandai direcoki.
156.Wong ala diuja---Si jahat dimanjakan.
157.Wong ngerti mangan ati---Orang yang mengerti makan hati.
158.Bandha dadi memala---Hartabenda menjadi penyakit
159.Pangkat dadi pemikat---Pangkat menjadi pemukau.
160.Sing sawenang-wenang rumangsa menang --- Yang sewenang-wenang merasa menang
161.Sing ngalah rumangsa kabeh salah---Yang mengalah merasa serba salah.
162.Ana Bupati saka wong sing asor imane---Ada raja berasal orang beriman rendah.
163.Patihe kepala judhi---Maha menterinya benggol judi.
164.Wong sing atine suci dibenci---Yang berhati suci dibenci.
165.Wong sing jahat lan pinter jilat saya derajat---Yang jahat dan pandai menjilat makin kuasa.
166.Pemerasan saya ndadra---Pemerasan merajalela.
167.Maling lungguh wetenge mblenduk --- Pencuri duduk berperut gendut.
168.Pitik angrem saduwure pikulan---Ayam mengeram di atas pikulan.
169.Maling wani nantang sing duwe omah---Pencuri menantang si empunya rumah.
170.Begal pada ndhugal---Penyamun semakin kurang ajar.
171.Rampok padha keplok-keplok---Perampok semua bersorak-sorai.
172.Wong momong mitenah sing diemong---Si pengasuh memfitnah yang diasuh
173.Wong jaga nyolong sing dijaga---Si penjaga mencuri yang dijaga.
174.Wong njamin njaluk dijamin---Si penjamin minta dijamin.
175.Akeh wong mendem donga---Banyak orang mabuk doa.
176.Kana-kene rebutan unggul---Di mana-mana berebut menang.
177.Angkara murka ngombro-ombro---Angkara murka menjadi-jadi.
178.Agama ditantang---Agama ditantang.
179.Akeh wong angkara murka---Banyak orang angkara murka.
180.Nggedhekake duraka---Membesar-besarkan durhaka.
181.Ukum agama dilanggar---Hukum agama dilanggar.
182.Prikamanungsan di-iles-iles---Perikemanusiaan diinjak-injak.
183.Kasusilan ditinggal---Tata susila diabaikan.
184.Akeh wong edan, jahat lan kelangan akal budi---Banyak orang gila, jahat dan hilang akal budi.
185.Wong cilik akeh sing kepencil---Rakyat kecil banyak tersingkir.
186.Amarga dadi korbane si jahat sing jajil---Karena menjadi kurban si jahat si laknat.
187.Banjur ana Ratu duwe pengaruh lan duwe prajurit---Lalu datang Raja berpengaruh dan berprajurit.
188.Lan duwe prajurit---Dan punya prajurit.
189.Negarane ambane saprawolon---Lebar negeri seperdelapan dunia.
190.Tukang mangan suap saya ndadra---Pemakan suap semakin merajalela.
191.Wong jahat ditampa---Orang jahat diterima.
192.Wong suci dibenci---Orang suci dibenci.
193.Timah dianggep perak---Timah dianggap perak.
194.Emas diarani tembaga---Emas dibilang tembaga
195.Dandang dikandakake kuntul---Gagak disebut bangau.
196.Wong dosa sentosa---Orang berdosa sentosa.
197.Wong cilik disalahake---Rakyat jelata dipersalahkan.
198.Wong nganggur kesungkur---Si penganggur tersungkur.
199.Wong sregep krungkep---Si tekun terjerembab.
200.Wong nyengit kesengit---Orang busuk hati dibenci.
201.Buruh mangluh---Buruh menangis.
202.Wong sugih krasa wedi---Orang kaya ketakutan.
203.Wong wedi dadi priyayi---Orang takut jadi priyayi.
204.Senenge wong jahat---Berbahagialah si jahat.
205.Susahe wong cilik---Bersusahlah rakyat kecil.
206.Akeh wong dakwa dinakwa---Banyak orang saling tuduh.
207.Tindake manungsa saya kuciwa---Ulah manusia semakin tercela.
208.Ratu karo Ratu pada rembugan negara endi sing dipilih lan disenengi---Para raja berunding negeri mana yang dipilih dan disukai.
209.Wong Jawa kari separo---Orang Jawa tinggal setengah.
210.Landa-Cina kari sejodho --- Belanda-Cina tinggal sepasang.
211.Akeh wong ijir, akeh wong cethil---Banyak orang kikir, banyak orang bakhil.
212.Sing eman ora keduman---Si hemat tidak mendapat bagian.
213.Sing keduman ora eman---Yang mendapat bagian tidak berhemat.
214.Akeh wong mbambung---Banyak orang berulah dungu.
215.Akeh wong limbung---Banyak orang limbung.
216.Selot-selote mbesuk wolak-waliking zaman teka---Lambat-laun datanglah kelak terbaliknya zaman.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Komentar kalian sangat berharga bagi saya

Survey Monkey

Survey Monkey/Monkey Kuesioner adalah sejumlah pertanyaan umpan balik untuk membantu mengumpulkan informasi & data pelanggan dari surv...